1.
Ahmad Rizal (04)
: dados
Radit
2.
Fadya Oktaviani Dewi (09) : dados
Lia
3.
Rahmatia Aini
(19) : dados Lani
4.
Riski Ananda Safitri (20) :
dados Narator
5.
Tia Yulifah
(26) : dados
Mbak Eni
6.
Vanny Bhekti O. (29) :
dados Mbok Marni
7.
Yuli Ikma Wati (32) : dados
Penyuting Gambar
"KELANGAN HP"
Ing sawijining dina. Radit, Lia lan Lani arep
nggawe tugas bareng ning omahe Lani.
Radit, Lia
: “Assalamualaikum.”
Lani : “Wa’alaikumsalam.
Woo... Jam samene kok nembe teka.”
Radit : “On time si iki?”
Lani : “On time apane? Wis
jelas telat nemen.”
Lia : “Huss... Wis ora
usah ribut. Mau ngenteni Radit mangan ndisek. Wong Radit mangan ko limang
tahun. Suwene porrrr.”
Lani
: “Woo... karan uwong. Yo
wis ayo mlebu.”
Ing ruang tamu. Radit, Lia, lan Lani podo njegok
lan cerita-cerita.
Lani : “Mbok... Mbok Marni... tulung gaweke ngombe
kanggo kanca-kanca.”
Mbok Marni
: “ Beres... Tigo njih?”
Lani : “Njih mbok.”
Lia :
“Walah... ora usah repot-repot.”
Radit : “Jajane ojo lali lho. Yen ana jajane kan
dadi semangat gawe tugase.”
Lia :
“Huss.. kowe kui jajan wae.”
Mbok Marni
: “Niki unjukane kalian jajanipun.”
Lia, Radit, Lani
: “Matur Nuwun.”
Mbok Marni
: “Iyo. Meh do gawe opo iki?”
Radit : “Meh
gawe tugas sekolah mbok.”
Mbok Marni
: “Lah ngono ra. Aja dolan terus pikirane. Yo wis , aku tak ngumbahi sek
yo.
Radit : “ Iki tugase kon piye to?”
Lia : “Kuwi lho, kon gawe teks drama basa jawa.”
Radit :
“Gampang, gari golek wae ning mbah google.”
Lia : “Yo wis nacak tak golek sek mboan ono
gambaran.”
Radit
: “Piye wes nemu durung?”
Lani :
“Kowe kui ora golek malah ngomong wae!”
Radit : “Iyo
iyo, aku tak goleki sisan.”
“Lho yak? kowe kok malah facebookan?”
Lia : “Hehe.. nyambi sitik ora popo lah.”
Lia : “Nah wis nemu kie aku. Judule ‘Tresna
Irul Marang Yeni’.”
Lani : “ Wah koyone apik kui. piye ceritane?”
Lia : “Dadi Irul karo Yeni kuwi kanca sak kelas.
Saben dina bocah 2 kui digasaki terus karo kanca-kancane. Banjur akhire bocah 2
kui jadian.”
Radit : “Wah, apik kui. Mengko tak ganti maneh ben
ra ngetoroni golek nang mbah google.”
Lani : “Yo wis, tapi temenan lho!”
Radit : “iyo temenan. Wah wes sore iki aku karo Lia
arep bali ndisek yo?”
Lani : “iyo, ati-ati yo?”
Bengine, Eni mbake Lani lagi kebingungan golek hp
seng ilang.
Mbak Eni : “Aduh, hp ku ning ngendi yo, gawat kie nek
ilang. Hp larang kuwi. Lani!!! Kowe
ngerti hp ku nang ngendi pora?”
Lani : “Goleki apa to mbak? Ko koyone kebingungan.”
Mbak Eni : “Iki lho dek, hp ku ilang.”
Lani : “Hp seng endi mbak?”
Mbak Eni : “Kae lho, hp impor asli Amerika, seng
mburine ono gambar apel kroake. Hp sing paling larang dewe kae lho.”
Lani :
“Oalahh... lha mbok delehake ngendi mbak? Dieling-eling sek.”
Mbak Eni : “Mau isuk kui ning kene... Apa dijupuk
kancamu kae sing mau awan gawe tugas nang kene?”
Lani : “ Aja nuduh sembarangan ngono ra. Jajal
digoleki sek maneh.”
Lia lan
Radit teka marang omahe Lani
Lia, Radit : “Assalamualaikum.”
Lani, Mbak Eni :”
Walaikumsalam.”
Mbak Eni : “Lha
kae kancamu teka. Mesti meh mbelekake hp
ku.”
Lani :
“Aja nuduh sek mbak.”
Lia : “Eh lan, iki teks dramane wes tak
edit karo Radit. Gari ngeprint tok kie.”
Lani : “Sip, mengko tak printke nang warnet.”
Mbak Eni : “Nah iki bocahe! eh ngaku kowe njupuk hp ne aku pora?”
Radit : “Lhoh, sembarangan nek ngarani. Duwe bukti
apa sampeyan?”
Mbok
Marni : “Ana apa si kok ribut-ribut?”
Lani :
“Iki lho mbok, mbak Eni kelangan hp, banjur nuduh Radit seng jupuk?”
Mbok Marni
: “Walahh... koyo ngono wae ribut. Sing di
maksud hp iki po? Mau awan hp iki
nggletak ning kursi ngarep. Terus tak jupuk si mbok ben ora ilang.”
Mbak Eni :
“Hoalah mbok, kok ora ngomong awet mau si?”
Mbok Marni : “Mau sore ki aku meh kandha, tapi akeh
gawean dadine lali”.
Radit : “Kae ra, dudu aku sing jupuk ngerti!”
Lia :
“Mulane aja nuduh sembarangan.”
Mbak Eni : “ Hehe iyo, ngapurane yo dit, yak?”
Radit : “Iyo, ngesok maneh yen ra duwe bukti
aja nuduh sembarangan.”
Mbak Eni :
“iyo..iyo..”
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar